03 April 2009

Dhuh Gusti

Cerkak iki kamuat ing SOLOPOS, Kamis 29 Mei 2008
Dening Eko Hartono

buka situsnya di: www.solopos.co.id

Saben wayah esuk, nalika arep mangkat nyambutgawe, Sawitri kerep ketemu cah lanang enom iku. Padha-padha mlaku nuju dalan gedhe. Banjur ngadeg neng pinggir dalan nyegat bis.Jalaran saka pakulinan iku dheweke dadi tepung karo cah lanang enom iku.Asmane Mardiyanto, kerep diceluk Yanto. Asale saka desa ing sawijining tlatah Kabupaten Wonogiri. Dheweke ngaku isih legan lan nyambutgawene ana perusahaan asuransi. Aneng kutha iki dheweke ngekos. Papan kose ora adoh saka omah kang dikosi Sawitri.Durung ana setaun Sawitri manggon ing kutha kang jejuluk Kutha Bengawan iki. Dheweke wiwit urip mandhiri kanggo mbiyantu wong tuwane kang wus nyekolahake nganti SMA.

Senajan mung dadi buruh ing sawijining pabrik tekstil lan gaji ora akeh, nanging Sawitri duwe pangajab gedhe arep njunjung drajate wong tuwa lan mbiyantu biaya sekolah adhi-adhine.Urip dhewekan ning kutha lan adoh saka kulawarga pancen gawe atine Sawitri kerep ngelangut lan sepi.Senajan akeh kanca, nanging mung winates kanca nyambutgawe utawa kanca sapanggonan kos. Ora ana sing cedhak banget.

Nanging sasuwene tepung Yanto, dheweke dadhi ora kesepen maneh.Sawitri ngrasakake donya kang diadhepi katon endah lan sumringah. Dheweke wiwit njalin kakancan cedhak kalawan Yanto.Saben wayah esuk, sinambi nunggu bis wong sakloron padha jagongan, ngobrol ngalor ngidul.Sawitri ora isin maneh nyritakake bab riwayat uripe, semana uga Yanto. Sesambungan antarane wong loro saya ngrembaka.

Meneng-meneng ing sajroning atine Sawitri tuwuh rasa tresna marang Yanto. Yen sedina ora ketemu kaya saabad lawase. Nanging, Sawitri ora wani blaka yen dheweke tresna marang Yanto. Dheweke mung mendhem pangrasane aning ati.Yanto dhewe mujudake wong enom kang anteng. Solah tingkahe kalem, ora kakehan kocap lan polah. Kapribadhene kang ora bisa dislulumi iku gawe Sawitri gojag-gajeg.

Dheweke ora wani nduga apa kang ana njero atine wong lanang iku. Apa ya dheweke uga tresna marang aku, batine Sawitri mangu-mangu. Mula Sawitri mung bisa ngenteni. Esuk iku Sawitri digawe kecelik amarga ora ketemu Yanto.Wis ana rong dina Yanto ora katon irunge.Dheweke ora nate kandha yen prei utawa mulih menyang kampunge. Pangrasane Sawitri dadi ora kepenak.Aja-aja ana kedadeyan kang nemahi Yanto.

Sawitri jane arep mara nyang kos-kosane Yanto, nanging dheweke isin. Mengko pandakwane tangga teparo mundhak rena-rena.Nanging Sawitri ya ora bisa jenak mung meneng wae.Mula, dina iku dheweke ngelengake mara menyang kos-kosane Yanto. Jebul kahanane Yanto melas tenan.Dheweke ngglethak ana paturon, nandhang lara. Emane, ora ana sing ngrumat lan ngurusi.

"Kok ora kandha yen kowe lara, Mas?" celathune Sawitri rada mangkel marang Yanto.

"Aku mung masuk angin biyasa kok, Wit. Wis takombeni obat. Mengko rak mari dhewe," saurane Yanto alon.

"Aja digawe entheng, Mas. Yen mengko keladuk dadi nemen kepiye? Ayo, takterke menyang dhokter!"

"Ora usah, Wit! Aku wegah gawe repot!"

"Wis ta! Aja ngeyel!"Gandheng dipeksa-peksa, bacute Yanto gelem dijak priksan nyang dhokter.Jebul Yanto nemahi gejala tipes. Beja, dheweke age digawa nyang dhokter.

Dina-dina sabanjure Sawitri kerep niliki Yanto.Esuk sadurunge mangkat nyambutgawe, lan sore nalika mulih saka gaweyan.Dheweke kang ngrumat lan ngurusi Yanto kayadene suster.Dheweke uga masakake panganan, ngumbahi sandhangan, lan ngresiki kamare Yanto.Tumindake Sawitri iku gawe atine Yanto trenyuh.Sawitri kaya sisihane wae!Sasuwene nandhang lara, Yanto ora ngabarke kahanane marang kulawargane ing kampung.

Nalika ditakokake dening Sawitri, dheweke alesan yen wegah gawe repot kulawargane.Kamangka omahe wong tuwane ora pathi adoh saka kutha iki.

"Apa ora kleru, Mas, yen kowe ora ngabari wong tuwamu! Mengko yen nganti krungu kowe nandhang lara lan pirang-pirang dina ora nyambutgawe, wong tuwamu bisa duka?" ujare Sawitri ngelingake.

"Ora apa-apa, Wit. Wong tuwaku ora bakal duka!" semaure Yanto entheng.

"Tenane, Mas?"

"Wis ta, ngandela marang aku!"

Sawitri meneng, ora nakokake bab iku maneh.Pirang dina sabanjure Yanto wis mari lan saras.Dheweke wiwit bisa mangkat nyambutgawe maneh. Sawitri melu seneng nyawang Yanto wis saras.Jalaran saka tumindhake Sawitri kanthi ikhlas ngrumati awake sasuwene lara, aneng atine Yanto wiwit tuwuh rasa tresna marang kenya iku. Dheweke bisa ngrasakake kawigaten lan elusan tangane Sawitri kang alus. Dheweke kapilut marang kapribadene Sawitri kang elok lan becik!

Mula, tampa mangu-mangu dheweke nyatakake pangrasane aneng ngarepe Sawitri. Kanthi blaka dheweke kandha yen sih tresna marang Sawitri. Krungu pangakone Yanto, raine Sawitri dadi semu abang. Atine bungah lan ora bisa digambarake wenane. Sing genah kebak kaendahan!Ya momen iki kang dienten-enteni Sawitri. Tanpa mikir dawa maneh dheweke nampa katresnane Yanto. Sabanjure wong sakloron ngikrarake janji arep urip bebrayan nganti salawase.

***

Dina iku Sawitri tilik kaluwargane ing desa. Ana ngarepe wong tuwane Sawitri blaka yen wis duwe pacar. Wong tuwane melu seneng krungu warta iku lan kepengin ditemokake karo calon mantune. Malahan wong tuwane njaluk sesambhungane Sawitri kalawan pacare age diresmekake. Nanging Sawitri ora arep kesusu. Dheweke isih mikirake kulawargane dhisik!

Sasuwene ana omah Sawitri kepethuk karo Daryati, kanca kenthele. Daryati ngabarake yen dheweke sedhela maneh arep rabi. Entuk wong Wonogiri. Sawitri melu seneng krungu warta saka kancane iku.

"Lha, endi calonmu, Ti?" pitakone Sawitri.

"Isih kerja ana Solo!" semaure Daryati.

"Solone sisih ngendi?"

"Aku ora dhong sisih ngendi, nanging dheweke nyambutgawe ana kantor asuransi!"

"Lho, kok padha karo pacarku. Aja-aja kerjane sakantor. Omong-omong sapa jenenge calonmu? Sapa ngerti mengko neng Solo bisa ketemu?"

"Jenenge Mardi!""Kantor asuransine jenenge apa?"

"Aku lali jeneng kantore, Wit. Mengko wae takabari lumantar sms. Sing penting aku njaluk tekamu ing acara nikahanku mengko!"

"Insya Allah, Ti!"

Esuke, Sawitri bali maneh menyang Solo. Ambyur ing rutinitas kang sabandina diadhepi. Sesambhungane kalawan Yanto isih mlaku lan malah sansaya mesra. Dina-dina kang kalampahi kaya-kaya kebak kanugrahan lan kaendahan!Sawijining dina Yanto pamit arep balik nyang desane. Sawitri arep melu, pengin tetepungan karo kulawargane Yanto, nanging ora entuk. Yanto alesan yen durung teteg nggawa Sawitri ngadhep wong tuwane. Dheweke karep omong dhisik marang wong tuwane. Sawitri mangerteni. Dheweke ora meksa.Yanto pamite lunga mung arep sedhela, nanging nganti rong dina dheweke durung bali maneh. Sawitri wiwit nggresah. Dheweke bola-bali ngebel ponsele Yanto, nanging ora nyambung. Embuh, apa Yanto sengaja mateni hp-ne apa pancen neng kana ora ana sinyal. Kamangka dheweke wis kencan arep ngajak Yanto nekani mantenane Daryati!

Nalika ngancik dina H Yanto durung njedhul. Kanca-kancane uga ora ana sing meruhi. Sawitri rada mangkel. Bacute Sawitri mangkat dhewe. Kaya kang dikandhakake Daryati, resepsi nikahan kalaksanan ing sawijining gedhung kang ana tengah kuthane. Sawitri teka dhewe tampa dikancani sapa-sapa.Swara gamelan ngumandhang saka njero gedhung. Sawitri mlaku nuju njero gedhung. Swasana wis katon rame amarga wis akeh undhangan sing teka. Sawitri thingak-thinguk nggoleki blegere Daryati.

Dumadakan pundhake digablok saka mburi karo sawijing pawongan. Sawitri mengo. Jebul Daryati. Kancane iku katon bedha karo padatan. Nganggo kebaya lan blebetan jarik wiron, katon ayu kaya widadari. Sawitri age ngrangkul kanca kenthele iku lan ngambung pipi kiwa tengen.

"Slamet ya, Ti! Sori, aku mung dhewekan!" ujare Sawitri.

"Ya ora apa-apa, sing penting pangestune. Matur nuwun lho, gelem teka!" semaure Daryati bungah.

"Endi penganten lanange?"Daryati thingak-thinguk nggoleki calon bojone. Dheweke banjur nyedhaki pawongan lanang kang lagi ngobrol karo tamu ana sisih mburine. Pawongan lanang iku ngadeg mungkur, Sawitri ora pati weruh rupane. Nanging, nalika tangane wong lanang iku digeret Daryati lan diadhepake ana ngarepa Sawitri, dumadakan jatunge Sawitri kaya arep gogrog!Pawongan lanang iku uga pucet raine lan klingah-klingih nyawang Sawitri. Kaya maling kecekel pulisi!

"Iki lho, Wit. Calon bojoku. Tepungake, asmane Mardiyanto. Celukane Mas Mardi!" kandane Daryati.

"Tepungake, Mas. Iki kanca kenthelku, jenenge Sawitri. Dheweke uga nyambutgawe ana Solo!"

Sawitri lan Yanto alias Mardi mung padha meneng. Wong loro salaman, nanging ketok kaku. Sawitri ngupaya ndhelikake pangrasane kang gela ora karuan aneng ngarepe Daryati. Dheweke ora bisa suwe-suwe ngadeg ana papan kana. Sawise menehake kadho, dheweke age pamitan mulih. Dheweke wis ora wani noleh maneh menyang mburi.Dheweke age numpak becak lan bablas mulih. Sadawane dalan dheweke ora bisa ngempet tangise. Dheweke ora ngira yen wong lanang kan ditresnani jebul wis dadi sisihana kanca kenthele. Nanging kan gawe atine luwih gela, Yanto wis ninggalake aib aneng awake arupa wiji kang tuwuh ana wetenge! Dhuh, Gusti! Kepiye mengko anggonku ngadhepi urip iki...? (*)

Tidak ada komentar: