03 April 2009

Nasibe Tini

Cerkak iki kamuat ing Jagad Sastra, SOLOPOS, Kamis, 30 Oktober 2008
Dening Eko Hartono

ungak situs ing: www.solopos.co.id

Lageyane isih kaya bocah cilik, tindak-tanduke isih kaya bocah umur pitung taun. Nganggo sayak abang, rambute dikucir, karo ndhekep boneka.

Mlayu jenthat-jenthit ngetutake cah-cah cilik dolanan. Sapa wae sing nyawang dadi mesem lan gedheg-gedheg. Apa tumon cah gedhe amor dolanan karo cah cilik?Nanging kanggone wong sing wis ngerti, ora gumun. Bocah wadon kang wis ngancik umur rongpuluh taun iku ora liya Si Tini, anake randha Tukiyem sing manggon ana pojok kampung. Sakjane Tukiyem durung bisa diarani randha amarga durung pegat resmi karo bojone. Paijan, bojone Tukiyem, minggat wis pirang-pirang taun lawase lan ora tau bali. Ora genah ana ngendi papan dununge.

Polahe Tini sing kaya bocah cilik uga kerep dadi poyokan lan gojegan wong-wong. Tini kerep dinggo dolanan bocah-bocah mbeling. Kala-kala atine Tukiyem krasa senep lan nelangsa anake dinyek lan dinggo dolanan. Nanging dheweke ngupaya sareh lan sabar. Kabeh dibalekake marang Sing Kuwasa. Turmaneh sing tumindak kaya ngono ora akeh.Isih akeh wong kang nduwe rasa welas lan pangerten marang kahanane Tini.

Salah sijine tangga kang apik marang Tini yaiku kulawargane Pak Darno, tangga sisih omah. Pak Darno lan sisihane nyambut gawe dadi guru. Pak Darno duwe anak wadon ontang-anting kang isih umur enem taun sing jenenge Shanti. Dheweke kerep dolanan pasaran lan omah-omahan karo Tini. Tukiyem bungah ana wong kang gelem nampa Tini lan nganggep kaya kadang dhewe. Ora ngira yen Pak Darno priyagung kang duwe jabatan guru gelem nganggep Tini sedulur.

Mula, saben arep lunga nyambut gawe Tukiyem ora pakewuh maneh yen kongkon anake dolan ning omahe Shanti.

“Ndhuk, kowe dolana karo Shanti, ya. Simbok arep rewang tandur ana sawahe Lik Kasmi,” ujare Tukiyem pamitan.

“Simbok mulihe kapan? Apa nganti sore?” celathune Tini.

“Iya, nek wis rampung gek mulih. Sing penting kowe aja nakal, ya? Dolanan sing apik karo Dhik Shanti.”

“Inggih, Mbok.”

Tukiyem mulih saka tandur nalika srengenge wis lingsir ana langit sisih kulon. Raine katon nglanges sedina pepe ing sawah. Kringete isih katon dleweran ing bathuk. Nalika mlebu omah, dheweke meruhi Tini njingkrung ing amben.

“Ngapa kowe njingkrung ana kono, Ndhuk?” pitakone Tukiyem.

Tini ora semaur.

“Ana apa, Ndhuk? Kok meneng wae? Kowe lara?”

Tini isih meneng.

“Kowe tukaran karo Dhik Shanti?”

Tini mung meneng. Tukiyem njengkerutake alis. Ora kaya padatan Tini tumindak kaya mangkono. Biyasane yen dheweke mulih, Tini wis mapag ana ngarep omah karo lunjak-lunjak seneng. Nanging saiki, kaya bocah keweden lan clingus. Tukiyem karep ndhedhes, nanging awake isih krasa kesel. Dheweke banjur ngajak Tini adus ana sumur.

“Ana apa to, Ndhuk? Kok praupanmu awit mau mbesengut wae?” pitakone Tukiyem alus.

“Apa kowe tukaran karo Dhik Shanti?” Tukiyem nerusake pitakone, amarga kaya umume bocah yen lagi jothakan karo kancane gawanane mung njegadhul.

“Ora, Mbok,” semaure Tini cekak.

“Lha terus kepriye? Apa sing gawe kowe nesu?”

“Bapake Dhik Shanti nakal!”

“Nakal kepiye?”

“Mosok Tini dijak dolanan ing kasur. Tini diwudani lan dijak turu bareng,” kandhane Tini lugu.

Tukiyem njumbul. Jantunge kaya disamber gludhuk. Kupinge kaya ora ngandel krungu pangakone Tini. Dheweke mbaleni takon maneh, Tini banjur crita apa anane. Dhasar bocah ola-olo lan lugu, Tini crita apa kang nemahi awake. Tukiyem dheleg-dheleg! Raine pucet. Dhuh, Gusti! Kepriye iki? Dheweke bingung, apa kang kudu ditindakake? Nglabrak menyang Pak Darno? Nanging kepriye mengko yen wong kang klebu sesepuh masyarakat iku selak lan genti nutuh dheweke gawe pitenah? Omongan bocah pengung ora kena diprecaya! Apa maneh kedadeyane iku ora disekseni wong liya!

Sawengi Tukiyem ora bisa turu. Mripate kembeng-kembeng, nangis ora entek-entek. Ing sandhinge Tini wis turu angler. Tukiyem ngrintih lan nggresah marang Gusti Allah! Kenapa awake diwenehi pacoban kaya ngene. Bejat tenan morale Pak Darno, tegel nyidrani Tini, bocah pengung kang ora duwe salah apa-apa! Dhuh, Gusti! Paringana welas. Jerite Tukiyem ana njero ati.

Esuke, nalika tangi turu Tukiyem ngrasakake awak lan batine lungkrah. Pikirane budrek ora karuwan. Embuh, kepriye anggone arep tumindak. Dheweke mung bisa ngedhem rasa anyel, gething, mangkel, getem-getem lan cuwa. Dheweke dadi serik lan gething ora jamak marang Pak Darno. Tini ora entuk maneh dolan karo Shanti, apa maneh mara menyang omahe Shanti. Tukiyem uga ora bisa ninggal Tini dhewekan ana omah. Yen arep tumandang nyambut gawe, Tukiyem kapeksa ngajak Tini. Bocah wadon iku mung manut wae. Tukiyem arep nyimpen wewadi iki ing ngarepe wong liya!

Nanging kaya paribasan barang bosok diumpetake nyebar ambune, apa kang nemahi Tini wiwit dicubriyani wong-wong. Tukiyem meruhi wetenge Tini kang maune trepes dumadakan dadi sansaya gedhe. Kaya wong cacingen. Apamaneh Tini kerep mutah-mutah tanpa ana sebabe. Wong-wong kang ngerti kahanan kaya ngene langsung nduga yen Tini meteng! Ora mokal warta iki nyumebar lan gawe geger wong sakdesa!

Tukiyem dadi bingung lan keweden. Atine ndredheg lan ciyut. Apamaneh dheweke krungu wong-wong arep nglurug omahe lan ndhedhes Tini. Nanging sakdurunge kedadeyan iku kelakon, dumadakan Pak Darno mara menyang omahe. Wengi-wengi nalika swasana sepi. Tukiyem njumbul lan getem-getem. Sakdurunge dheweke nyuwara, Pak Darno luwih dhisik kandha.

“Lik Tuk, warga desa wis ngerti marang kahanane Tini. Wong-wong karep ndhedhes Tini lan nudhung minggat yen Tini pancen meteng. Mula wengi iki sampeyan kudu gek lunga saka desa kene. Jaken Tini sak adohe lan dhelikna ing panggonan sing primpen. Iki ana duwit selawe yuta kanggo urip sampeyan lan Tini salawase. Pokoke aja nganti ana sing ngerti marang kedadeyan kang nemahi Tini. Yen nganti kebukak aku ora tegel maneh arep mateni kowe sakloron. Ngerti ta?” ujare Pak Darno karo mripat mbranang dikebaki napsu angkara murka.

Tukiyem mung meneng. Ora gedheg utawa manthuk. Atine ciyut ora karuan. Awake ndredheg kaya digoyang lindhu.

“Pokoke sesuk esuk aku wis meruhi kowe lan Tini ora ana omah kene!” sakwise ngucap ngono Pak Darno metu, lan ilang ing pethengan.Tukiyem dheleg-dheleg. Dheweke bingung apa kang kudu ditindakake.

Tumrap dheweke sing mung wong cilik, bodho lan ora ngerti bab kukum, nanging dheweke isih njaga ajining dhiri lan moral. Dheweke mangerteni yen tumindake Pak Darno ora bener. Dheweke rumangsa melu dosa nampa dhuwit saka Pak Darno kang sajak nganggep murah lan remeh bab iki. Tukiyem ora arep ngedol anak!

Mula, nalika esuk iku srengenge mlethek ana sakwetane desa, tangga teparo padha kaget meruhi Tukiyem lan Tini ngilang saka ngomah. Ora ana sing ngerti, menyang ngendi lungane Tukiyem lan anake. Nanging sing luwih nganehi lan gawe bingung, ing meja kamar tengah ditemokake dhuwit selawe yuta ana amplop coklat. Kabeh padha guneman, iki dhuwite sapa? (*)

Tidak ada komentar: