29 September 2011

Ngandika Becik Bali Becik

Ngumbar Gagasan : Kamot ing Jayabaya No.50, Minggu II Agustus 2011
Dening : Eko Hartono.


Masyarakat Jawa percaya yen pangandhikan kuwi malati. Aja nganthi wong sembrana marang pangandhikane, jalaran bisa gawe cidra utawa cilaka. Wejangan iki ora mung pocap kosong kang ora ana kanyatane. Wis akeh tuladha manungsa dadhi cilaka, samsara, lan congkrah merga pangandhikan kang ora becik utawa mblenjani janji.

Manungsa diwenehi anugrah tutuk ora mung kanggo kandha lan ngudarasa. Tutuk uga dadhi sarana komunikasi lan ngetokake panguneg-uneg kang wigati. Nanging, tutuk uga bisa dadi pawadan marang cecongkrahan, fitnah, lan rusaking tatanan urip ing masyarakat. Akeh musibah lan bebendu kang dijalari merga pangandhikane manungsa ora bisa dijaga lan adoh seka unggah-ungguh.

Nganggo dalih demokrasi utawa kabebasan ekspresi akeh wong kang ora tumata anggone kandha. Angger muni lan ngonekake wong liya sakpenake dhewe. Ndakwa marang wong kang ora kleru mung adhedasar saka rasa serik utawa srei dengki. Beda panemu utawa golongan bisa dadi sumbu kanggo nyumet bengkerengan. Malahan ana masyarakat kang gaweane mung congkrah lan tawuran merga beda RT utawa kampung!

Kita nonton warta ing televisi utawa koran, sabendina ana wae masyarakat kang padudon lan congkrah. Bab iku akeh kang dijalari merga ora bisa njaga tutuk utawa pangandikan. Bab sepele lan remeh kang sabenere bisa dirampungi lumantar rerembugan utawa islah, malahan dadi nggladrah amarga digawa menyang pengadilan. Kaya-kaya saben perkara ora marem yen durung dirampungi lumantar hukum utawa pengadilan.

Pancen negara iki negara hukum. Supremasi hukum tansah didedegake. Nanging hukum ora mung bab kleru lan bener. Hukum uga ngutamakake marang kamanungsan lan tepaslira. Yen perkara padu antarane bebrayan, sedulur kalawan sedulur, utawa tangga teparo, apa kudu hukum kang ngrampungi? Apa manungsa wis ora duwe sipat arif wicaksono? Apa manungsa wis ilang rasa welas asih lan tepaslira marang sanak kadange dhewe?

Ora arep ngasorake sipat keadilaning hukum, nanging luwih sumadya yen perkara kang dijalari merga pangandikan dirampungi lumantar islah utawa rerembugan kang didhasari tepaslira. Ing babagan agama ana tembung tabayyun, yaiku saben perkara kang durung valid utawa cetha kang sakbenere kudu dicocogake utawa ditakokake marang sumbere. Dadi aja angger nampa lan nguntal warta yen durung genah bener-orane!

Mula, kaya wejangane wong tuwa dhek biyen, aja anggere muni lan kandha yen durung genah utawa durung nyata. Kabeh informasi utawa warta kudu dinyatakake dhisik sakdurunge dikandhakake. Ana paribasan kang unine: ilat kuwi luwih landhep tinimbang lading. Paribasan iki nuduhake yen ilat utawa pangandika kuwi bisa gawe cidra, satru, lan congkrah. Pangandikan kang isine mung ngelek-elek, ngasorake, fitnah, lan ngobongi utawa mrovokasi marang wong liya padadhene karo nganiaya utawa mateni panguripan.

Kita kabeh sejatine kerep diajari marang bab kebecikan lumantar pendhidikan budhi pekerti ing sekolah, madrasah, penataran, ceramah, pidato, lan sabangsane. Nanging emane kabeh iku durung ngresep lan ngrasuk marang jiwa kita. Sipat jujur, andhap asor, amanah, lan tepaslira saya adoh saka watak-wantu lan tumindak kita. Musibah lan bebendu kang nemahi negeri iki tuwuh merga saya akeh wong kang seneng goroh, mencla-mencle, lan mblenjani janji. Masyarakat padha padudon lan cecongkrahan dhewe-dhewe. Pangandikane pejabat utawa pemimpin ora bisa dienggo ugeman utawa pathokan. Kabeh padha mikirake lan ngutamakake kepentingan pribadi utawa kelompoke dhewe-dhewe.

Ing crita pewayangan ana tembung; sabda pandhita ratu tan kena wola-wali. Tembung iki tegese yen pengandikane ratu utawa pemimpin kudu bisa dadi ugeman lan ora kena mencla-mencle. Amarga pemimpin iku bakal dadi tuladha lan ditiru dening rakyate. Nanging kang aran pemimpin miturut ajaran agama Islam ora liya ya manungsa kabeh. Manungsa iku sakbenere pemimpin marang awake dhewe lan kulawargane. Manungsa duwe jejibahan mimpin awake dhewe.

Manungsa bisa diarani urip becik lan luhur budi pakartine yen bisa mimpin awake dhewe. Mimpin ning kene tegese bisa njaga awake saka prilaku, sikep, lan tumindak kang ora pener. Luwih utamane bisa njaga ilat utawa tutuke saka tembung-tembung kang ora bener lan nyidrane liyan. Amarga kaya kang disabdakake Rasulullah; tiyang mukmin iku haram kanggone tiyang mukmin liya. Tegese padha-padha sedulur muslim ora kena poyok-poyokan, ngasorake, lan nyidrani, embuh nganggo pangandikan utawa tumindak!

Ing tembung Jawa ana istilah bawalaksana, kang tegese nyawijine tumindak lan pangandikan. Dadhi, manungsa ora bisa diarani bawalaksana yen tumindak lan prilakune ora padha karo kang dikandhakake. Paribasan esuk dele sore tempe. Maune kandha A malih dadi B. Mencla-mencle! Ing terminologi Islam bisa diarani wong munafik. Kamangka wong munafik iku dosane gedhe lan bakal dijegurake ing neraka paling jero! Kaya kang ngemot ing surat Al-Shaff ayat 2-3 kang unine: He, wong-wong mukmin! Kenapa sira ngandhakake bab kang ora mbok tindakake? Gedhe dosane ning sisihe Allah yen sira kandha sawijining bab kang sira dhewe ora nindakake!

Mula, sing ngati-ati marang pangucap utawa pangandikan. Ana paribasan kang unine: mandi guneme dhewe. Kabeh pangandikan bali marang awake dhewe-dhewe. Sapa kang ngandika ala bakal bali marang awake dhewe. Kosok baline; sapa ngandika becik uga bali marang awake dhewe. Becik alane manungsa manggon ana pangandikane!

Tidak ada komentar: