20 Maret 2009

Layang Sungkawa

Crita cekak iki kamot ing Solopos, Kamis 3 Juli 2008
Dening Eko Hartono

Jaman saiki arang wong nyerat layang. Majune teknologi wis gawe kepenak lan gampange komunikasi. Kanggo ngandharake warta lan kahanan mung cukup nelpon, email, chatting, utawa nulis SMS. Ora repot lan ora ngenthekake kertas. Turmaneh luwih cepet tekan warta kang ditampa. Nanging kanggone Lastri nyerat layang isih dadhi padhatan. Dheweke isih kerep layang-layangan karo Marno, pacare sing nyambutgawe ana Jakarta. Kamangka ing desane sinyal telepon seluler wis bisa katampa. Wis akeh wong kang migunakake HP. Malahan akeh cah-cah sekolah kang nyandhang HP. Mung Lastri dhewe sing ora nduwe.

Dheweke pancen klebu wong nelangsa. Wong tuwane kere. Kanggo urip sabendinane isih kurang. Dheweke mung sekolah nganthi SMP. Sawise lulus dheweke mung magrok ana ngomah, ngrewangi wong tuwane buruh ana sawah utawa gawean serabutan liyane. Sakjane dheweke pengen lunga menyang kutha kaya kanca-kancane, nyambutgawe apa wae kanggo mbiyantu wong tuwa. Nanging karo wong tuwane ora entuk. Simboke nandhang lara wis pirang-pirang taun. Ora ana sing ngrumati. Lastri anak nomer siji lan gedhe dhewe. Mula dheweke katiban kajibahan ngrumati simboke. Adhine kang cacah telu isih cilik-cilik. Bapake kang nyambutgawe ana selepane Pak Kaji asring lunga saka ngomah. Mula Lastri kang dadhi gantine simboke ngurusi adhi-adhine.

Kahanan urip kang diadhepi Lastri lan keluwargane pancen abot tenan. Nanging Lastri ora tau nggresula lan nggetuni. Dheweke ngrumangsani wis dadhi lakone urip kang kudu dilampahi. Lastri nrima kanthi ikhlas lan legawa. Dheweke mung bisa nyenyuwun lumantar donga sawise sholat, muga mbesuk Gusti Allah menehi urip kang luwih minulya lan bisa ngangkat drajate wong tuwa.

Lastri pancen kenya kang alim, prasaja, lan ora gelem neko-neko. Rupane uga ayu senadyan pakulitane sawo mateng. Akeh cah lanang enom kang kapilut lan naksir dheweke. Nanging Lastri ora gampang kena goda marang tembung sih katresnan saka cah lanang. Wis pirang-pirang pemudha nyedhaki dheweke, wis pirang-pirang layang katresnan mampir ana tangane, nanging ora ana sing digape. Kamangka ora sethitik kang praupane bagus lan saka keluwarga sugih.

Nanging kanggone Lastri ora bab bagus, sugih, lan dhuwure pangkat kang dadhi timbangan kanggo nemtokake sisihan uripe mbesok. Lastri rumangsa yen dheweke mung bocah ndeso, wong tuwane kere, lan ora nduwe apa-apa kang bisa diandelake. Mula dheweke sumadya arep golek bojo sing padha drajate karo uripe awake. Ben ora ana ganjelan ing tembe mburine.

Umure Lastri saiki wis ngancik rong puluh taun. Kanggo umume kenya ing desane umur semana wis kudu dirabikake. Nanging Lastri ora arep kesusu. Dheweke uga ora arep kleru milih jodoh. Dheweke pasrah marang Gusti Allah. Ndilalah dheweke tepung karo cah lanang enom kang jeneng Marno. Kanca bekas sekolah dhek SMP iku jebul wis suwe ngedhem rasa tresna marang dheweke. Lastri ora nolak katresnan saka Marno. Amarga dheweke uga nduwe rasa katresnan marang cah lanang enom iku. Marno mujudake pemudha kang becik solah tingkahe, ora gelem neko-neko, ora seneng ngrokok, sregep ngaji lan sholat. Apamaneh riwayat uripe Marno padha karo awake, padha-padha wong ora nduwe. Mula ora ana kang bisa dadhi ganjelan lan gap antarane dheweke karo Marno.

Lumrahe cah enom saiki yen arep kencan lan ngudharasa lumantar HP, Marno lan Lastri mung cukup nganggo sesuwek kertas utawa layang. Nadyan ora ringkes lan efisien, nanging kanggone Lastri ngandhut makna kang jero. Aksara kang katulis ing layang mujudake pangrasan. Seratan layang dadhi kaca jiwa lan batine manungsa. Turmaneh ana seni lan endahe seratan layang.

Nalika Marno pamitan lunga menyang Jakarta arep nyambutgawe, nyerat layang isih diterusake. Saminggu utawa rong minggu pisan Lastri nulis layang marang Marno. Bisa pirang-pirang lembar dheweke ngandharake kahanan lan apa kang dirasakake. Yen wis rampung dilebokake aning amplop werna pink, banjur digawa menyang kantor pos kang adohe telung kilo saka omahe. Yen ora Lastri nitipake marang Pak Pos kang saben dina Senin lan Kamis mampir mbalai desa. Mengko yen wis dikirim lumantar pos, Lastri gari nunggu paling ora sepuluh dina maneh balesan layang saka Marno. Rasa kangen ing atine krasa ampeg-ampeg nyesegi dadhane. Saben-saben dheweke nglinguk ning ndalan, ngarep-arep Pak Pos njedul ngeterake layang saka Marno. Nanging nalika Pak Pos liwat lan ora nggawa layang saka Marno, atine rumangsa gela. Kaya kelangan barang kang aji.

Tumindhake Lastri kang seneng layang-layangan karo Marno dadhi poyokan lan geguyon kanca-kancane.

“Oalah, Las. Jaman wis maju kaya ngene isih kober nulis layang. Mbok sms-an wae. Ben cepet tekan!” kandhane Ratmi.

“Aku ora nduwe HP!” wangsulane Lastri.

“Yen ora nduwe taksilihi. Ora usah mbayar, paling mung entek pulsa satus rupiah. Marno ning Jakarta takiro ya wis nduwe HP. Coba mengko takokna piro nomer HP-ne. Yen ora nduwe bisa nyilih kancane,” celathune Sri karo nawani.

“Matur nuwun, Sri. Ning aku luwih sreg nulis layang. Ora apa-apa suwe, sing penting tekan!”

“Nanging apa Marno isih ajeg gelem nulis layang. Dheweke suwe-suwe kepincut pengen nduwe HP kaya kanca-kancane. Apamaneh dheweke wis nyambutgawe. Gajine kena kanggo tuku HP. Dheweke banjur males nulis layang maneh. Amarga luwih gampang lan kepenak SMS-an timbang nulis layang?”

Celathune kancane iku gawe atine Lastri kendo. Apa ya bener kandhane kanca-kancane iku? Marno wis males nulis layang maneh? Pitakonan ana njero atine iku dumadakan njedul amarga wis ana sesasi layange sing pungkasan durung entuk balesan saka Marno. Embuh, apa dheweke repot apa pancen males nulis layang? Mbokmenawa dheweke saiki wis nduwe HP dadhi aras-arasen nulis layang. Aja-aja wis kegodha kenya kutha…? Ah, Lastri nyingkirake pandugane.

Dheweke ora yakin yen Marno males nulis layang. Dheweke tau kanda yen arep ngelengake nulis layang senajan repot lan kesel. Dheweke nduwe panemu padha karo Lastri, yen nyerat layang iku bisa nuwuhake rasa marem, seneng, lan gawe ati ayem. Bedha karo nulis SMS sing ukarane ringkes lan ora dawa. Basane awur-awuran. Kaya ora ana ruh lan jiwane!

Awan iku, nalika Lastri lungguh ana lincak ngarep omah, dumadakan Pak Pos njedul ngelungake layang.

“Pangeran kang dianti-anti sampun dugi,” celathune Pak Pos kang wis sepuh nggodha Lastri.

Ora bisa digambarake bungahing atine Lastri nampa layang iku. Dheweke ngaturake sembah nuwun marang Pak Pos, banjur age-age mlebu njero omah. Kanthi jantung deg-degan lan ati kebat-kebit dheweke wiwit mbukak layang saka Marno. Kaya padhatan sakdurunge diwaca, kertas layang diambung dhisik karo merem. Pangrasane maknyes kaya ditelesi embun.

Lastri maca siji mbaka siji aksara kang diserat Marno. Ora kaya biyasane layang kang diserat Marno mung sethitik, ora nganthi saklembar. Ing pambuka layang Marno njaluk sepura amarga suwe anggone mbales layange Lastri. Dheweke lagi repot lan durung ana kalodhangan nulis layang. Sabanjure Marno ngabarake warta keslametan lan kandha yen arep mulih menyang kampung. Tanggal 20 Juni dheweke wis tekan omah!

Lastri njumbul maca seratane Marno. Dadhi Marno arep mulih? Tanggal rongpuluh…? Saiki ra wis tanggal 19! Dadhi sesuk dheweke teka? Kok dadakan ngene? Apamaneh ing layang iku Marno uga kandha yen dheweke karep nglamar Lastri. Dheweke wis nduwe modhal kanggo rabi. Duwit gajine sasuwene nyambutgawe setaun ana kutha dikumpulake lan arep dienggo modhal wiraswasta ana omah. Celathune Marno iku kang gawe atine Lastri gonjang-ganjing!

Ora selak yen Lastri bungah krungu Marno arep nglamar dheweke. Nanging warta kang dikandharake dadakan kaya ngene gawe pangrasane ora karuan. Ana rasa bingung, gugup, lan deg-degan. Pancen antarane wong tuwane lan keluwargane Marno wis padha mangestoni. Kabeh padha sarujuk yen Lastri lan Marno nggayuh kekarepan urip bebrayan. Nanging Lastri rumangsa durung siap ngadhepi kanyatan iki. Nanging…? Ah, Lastri age-age ngguwak pangrasane kang ora karuan.

Siap ora siap dheweke kudu siap. Apamaneh sing arep dienteni? Tumrape kanyatan kaya ngene kang suwe dienteni? Kenapa dadak mangu-mangu? Lastri nyoba netegake atine ngadhepi kanyatan iki. Dheweke banjur kandha marang wong tuwane surasa kang diserat Marno. Wong tuwane melu seneng krungu Marno arep mulih lan arep nglamar Lastri.

“Yo wis, Nduk. Becike kowe tata-tata kanggo ngadhepi tekane Marno. Omahe diresiki yen sawayah-wayah calon sisihanmu merdayoh mrene karo keluwargane,” kocap bapake.

“Nggih, Pak!” saurane Lastri sumringah.

***

Esuk sadurunge azan Subuh Lastri wis tangi. Kamangka sawengi dheweke ora bisa turu amarga mikirake Marno. Layang kang awane nembe ditampa disawang lan diwaca bola-bali. Kaya ora ngandhel yen Marno sesuk arep teka. Wis pirang-pirang sasi dheweke ora tetepungan karo pawongan kang ditresnane iku. Kepiye saiki Marno? Apa isih bagus kaya dhisik? Lemu apa kuru? Kebak pitakonan kang ngrembuyuk ana dadhane Lastri.

Lastri wis adus lan ganti klambi kang apik dhewe. Klambi kang tau ditukokake Marno. Sajak dheweke arep nyenengake kekasihe iku. Sawise dandan necis lan ayu, Lastri banjur metu saka ngomah. Dumadakan teka sawijining keluwargane Marno marani dheweke. Raine katon susah.

“Las, ana warta sungkawa! Marno kecelakaan. Mau bengi bis sing ditumpaki tabrakan. Jenasahe wis diterake menyang omah nembe wae!”

“Apa? Marno kecelakaan???!” jerite Lastri semaur kaget.

Dheweke ora precaya yen kekasihe wis ninggal. Nembe wingi layange teka lan kandha arep mulih dina iki. Ora ngandhel marang warta iku, Lastri age mlayu menyang omahe Marno. Tekan kana wis kebak wong-wong padha ngumpul. Gendera layon nancep ana ngarep pager. Lastri mlebu menyang njero omah. Dheweke ngadeg kaku ing tengah ruwangan. Ning ngarepe jisime Marno kang wis mbujur kaku dibuntel mori putih. Ora kuwat ngadhepi kanyatan pait iki, Lastri dumadakan tiba semaput. Ning tangane isih nyekel layang kang wingi nembe ditampa. Layang kang maune nggawa warta bungah malih dadhi warta sungkawa! (*)


Tirtomoyo, 20 Juni 2008

Tidak ada komentar: