03 Agustus 2009

Basa Jawa Lisan Ing Urip Bebrayan

Dening Eko Hartono
Artikel iki kamot ing Jagad Jawa, Solopos, Kamis, 30 Juli 2009



Basa jawa kang dadi sarana pasrawungan ing urip bebrayan ing tlatah Jawa nduweni sipat kang tansah manjing ajur-ajer utawa dinamis lan elastis. Basa Jawa ora bakal ilang, nanging saya ngrembaka. Yen ana sawijining pawongan ngandhakake basa Jawa bakal ilang kagerus basa nasional (waca: bahasa Indonesia-pen.) kuwi panemu kang kleru. Basa Jawa wis nyawiji aning kabudayane wong Jawa.

Basa Jawa isih dadi basa kang utama lan akeh digunakake dening bebrayan ing tlatah Jawa, mligine tlatah Yogyakarta, Jawa Timur lan Jawa Tengah. Pancen basa Jawa sing ana tlatah Jawa nduweni cengkok utawa dialek kang maneka warna. Ana basa Jawa dialek Banyumas, Yogyakarta, Solo, nganti cengkok Madura. Nanging kabeh mau manut saka sumber kang padha, yakuwi basa Jawa kuno.

Ngrembaka lan owahe jaman kang bisa katitik saka derese arus informasi gawe bebrayan luwih maju, kreatif, lan dinamis. Basa kang digunakake ing pasrawungan padinan saya akeh cengkoke utawa sansaya variatif. Antarane basa siji lan liyane padha sesambungan. Mula ora nggumunake yen bisa ditemokake anane basa jawa kang campur karo basa liyane, lumrah katelah basa gadho-gadho, embuh sing kecampur basa Indonesia utawa basa manca. Nanging kabeh mau ora banjur gawe ilange basa Jawa, malah nambah kaskayane kawruh basa Jawa.

Biyasane kang gawe owah lan tambahing basa Jawa ing bebrayan diwiwiti saka basa pasrawungane para nom-noman utawa remaja. Amarga para nom-noman kuwi racake luwih kreatif lan gampang kapilut dening basa liya.

Ana sing ngarani yen basa kang digunakake dening nom-noman kuwi gawe rusak lan owahing basa Jawa kang wis baku. Nanging panemu kaya ngono, miturutku, bakal kontraproduktif. Ing papan ngendi wae kang aran basa kuwi ora asipat mandheg. Sipate basa, mligine kang digunakake ing pasrawungan padinan, tansah ngalami owah-owahan, katambah tetembungan anyar.

Akeh simbol lan pralambang anyar salaras karo majune jaman kang banjur njurung marang ngrembakane basa. Mula wis lumrah yen basa kang dadi ubarampe uripe manungsa kudu bisa ngetutake marang owah lan ngrembakane jaman.

Kayadene basa Jawa kang digunakake wong-wong jaman saiki mesthi wae beda kalawan basa Jawa kang digunakake dening bebrayan ing wektu biyen, kang karan basa Jawa kuna. Wis dadi papesthening jaman yen basa Jawa ngrembaka nurut ngrembakaning urip manungsa.

Nanging emane, kaskayane basa Jawa akeh kaperbawan dening basa pasrawungan utawa basa pasaran. Basa pasrawungan nom-noman kang akeh njupuk saka tivi utawa idiom-idiom ing jagad kagunan ora pati nggatekake marang tata krama lan trapsilaning basa. Lan sing migunakake basa Jawa ora ana sing gelem ndhudhah tatabasa Jawa kang wis ana. Kamangka kaskayane basa Jawa kuwi akeh banget lan maneka jinis, mligine kang kamot ing kamus.

Gandheng luwih kerep nonton sinetron utawa tontonan kang migunakake basa Indonesia lan basa manca, warga bebrayan agung dadi lali marang basane dhewe. Banjur migunakake basa Jawa ing pasrawungan kang wis kecampur utawa kaperbawan dening basa liya. Basa kang aran gadho-gadho iku saya suwe dadi ‘basa baku’ kang wusana ngilangi basa Jawa ‘asli’, kacihna ngemu teges sing padha.

Basa Jawa kaperang dadi basa Jawa ngoko, krama alus, lan krama inggil. Kanggo pasrawungan padinan warga bebrayan Jawa akeh sing migunakake basa Jawa ngoko. Basa jawa ngoko iki kang gampang kaperbawan dening basa liya. Pakulinane warga bebrayan agung kang luwih seneng nonton acara tivi utawa film dadi salah sijine pancatan tumrap tuwuh lan ngrembakane owah-owahan kang uga sinebut ‘racun’ tumrap basa Jawa lisan ing urip padinan kuwi. Pakulinan ngrungokake basa liya saya suwe kagawa lan manjing ing panggunane basa Jawa ing urip bebrayan.

Kanggo ngukuhake panganggone basa Jawa ‘asli’ ing urip bebrayan prelu ngrembakake pakulinan nggunakake basa Jawa baku. Amarga basa Jawa baku kang ana yektine wis ngemot lan nyakup kabeh tembung lan simbol kang dinggo jroning urip bebrayan. Kayata; tembung kang unine visi ing basa Jawa ana sing padha yaiku saujana, tembung ramah kang Jawane sumeh lan sapanunggale.

Sawijining cara kanggo nguripake maneh panggunane basa Jawa lisan kang katelah basa Jawa ‘baku’ bisa kawiwitan ing pakulinan nyerat nggunakake basa Jawa ‘baku’ utawa ‘asli’. Embuh seratan kang awujud artikel, cerkak, cangkriman, geguritan, warta, layang, lan sapanunggalane.

Seratan kang nggunakake basa Jawa bisa dadi pawadan kanggo nggrengsengake panggunane basa Jawa lisan ing urip padinan. Menawa para warga bebrayan agung kulina nyemak basa Jawa kang awujud tulisan suwe-suwe bakal merbawane tumrap upaya nguripake basa Jawa baku ing pasrawungan padinan. Nuwun.

Tidak ada komentar: